teks sandiwara
Dumadine Gombel Dening : Kelompok 1 Paraga : 1. Nyi Gombel : 60 taun, seneng ngapusi, medeni 2. Ki Gombel : 65 taun, atine ala, egois, ora peduli karo wong Liyan 3. Dukun : 70 taun, ala, ora nduwe ati, licik 4. Bima : 15 taun, anakke Bu Ratih, lugu, ora ngerti apa-apa, polos 5. Bu Ratih : 50 taun, ibune Bima, welasan, tabah 6. Bu Ningsih : 45 taun, seneng gosip, senengane nuduh 7. Bu Sulasmi : 45 taun, teges, lan pinter 8. Pak Lurah : 57 tahun, tanggung jawab, teges Adegan 1 (Warga padha kumpul neng balai desa, wengi.) Bu Sulasmi : “Pak Lurah, piye iki pak… wis akeh bocah ilang ora ketemu.yen terus ngene, desa iki iso cilaka.” Bu Ningsih : “wis digoleki ning endi-endi, tetep ora ana. nanging ana warga sing mencurigakan… Nyi Gombel. wong kae ora tau metu omah.” Bu Ratih : “heeh pak! Nyi Gombel ora iso nduwe anak.mesthi wong kuwi sing nyulik bocah-bocah!” Pak Lurah : “nggih ibu ibu… bengi iki, ayo bareng-bareng ngecek omahe Nyi Gombel.” Adegan 2 (Ing omah Nyi Gombel, ana bentro...