teks sandiwara

 Dumadine Gombel

Dening : Kelompok 1

Paraga :

1. Nyi Gombel : 60 taun, seneng ngapusi, medeni

2. Ki Gombel : 65 taun, atine ala, egois, ora peduli karo wong Liyan

3. Dukun : 70 taun, ala, ora nduwe ati, licik

4. Bima : 15 taun, anakke Bu Ratih, lugu, ora ngerti apa-apa, polos

5. Bu Ratih : 50 taun, ibune Bima, welasan, tabah

6. Bu Ningsih : 45 taun, seneng gosip, senengane nuduh

7. Bu Sulasmi : 45 taun, teges, lan pinter

8. Pak Lurah : 57 tahun, tanggung jawab, teges

Adegan 1

(Warga padha kumpul neng balai desa, wengi.)

Bu Sulasmi : “Pak Lurah, piye iki pak… wis akeh bocah ilang ora ketemu.yen terus ngene, desa iki iso cilaka.”

Bu Ningsih : “wis digoleki ning endi-endi, tetep ora ana. nanging ana warga sing mencurigakan… Nyi Gombel. wong kae ora tau metu omah.”

Bu Ratih : “heeh pak! Nyi Gombel ora iso nduwe anak.mesthi wong kuwi sing nyulik bocah-bocah!”

Pak Lurah : “nggih ibu ibu… bengi iki, ayo bareng-bareng ngecek omahe Nyi Gombel.”

Adegan 2

(Ing omah Nyi Gombel, ana bentrok.)

(Ki Gombel mbanting barang)

Ki Gombel : “kowe kuwi piye to?! jenengku dadi elek gara-gara koe!!”

Nyi Gombel : “mas… aku ki mung pengin nduwe anak…aku ora nyulik sapa-sapa…”

Ki Gombel : “aja ngarang kowe! kowe mung nggawe susah! lunga saka omah iki! aku ora sudi nduwe bojo kaya kowe!”

(Nyi Gombel diusir, mlaku tanpa tujuan.)

(Wengi, Nyi Gombel ketemu warga.)

Bu Sulasmi : “Pak Lurah!kuwi Nyi Gombel!”

Bu Ratih : “balekno bocah-bocah saiki!”

Pak Lurah : “ngapunten, Nyi Gombel. Para warga dhusun mengirimkan kalih sampeyan...kanggo keamanan desa, kowe kudu lunga.”

Adegan 3

(Warga padha ngusir. Nyi Gombel mlayu menyang sayang.)

Nyi Gombel : “aku ora trima… bocah-bocah kui..nggonan ku… AKU ORA TRIMA…!!”

(Nyi Gombel banjur ngembusake ambegan punngkasane.)

(Dukun nyanyi wis ngawasi Nyi Gombel mau nyengir nalika ndelok Nyi Gombel mati. Dheweke nindakake ritual kanggo nguripake maneh Nyi Gombel.)

Dukun : “roh sing mati ora trima… roh sing kebak balas dendam… tangia…”

(Nyi Gombel tangi maneh.)

Nyi Gombel : “…laraku durung mari… atiku panas…”

Dukun : “yen kowe pengin bales balas dendam, rungokna aku. culika bocah desa. nanging aja dipateni. ben warga nyalahke Pak Lurah. ben desa iki rusak.”

(nyi gombel ngguyu)

Nyi Gombel : “yen kuwi nyanyi nggawe laraku kebales… aku gelem…”

Adegan 4

(bima sing dolanan krungu ana Mbah Mbah sing nyeluki bima ing tengah alas)

Nyi gombel : “nang.. kene Nang.. tak kei dolanan sing anyar…”

Bima : “sapa Kuwi? aku rak entok lunga adoh adoh Karo mbok..

(Nyi gombel nunjukake boneka)

Bima : “eh.. tapi nek dikei dolanan anyar rapopo wis"

Nyi Gombel : “kecekel kowe…!! Hahahahah…”

(boneka bima tiba. wektu Bu Ratih arep mapag anake kang lagi dolanan dumadakan weruh boneka anakke kang terjadi ing lemah.)

Ibu Bima : “bima, bima Kowe Ning Endi Nang…lho Iki kan boneka ne anakku… bima.. bima!!”

(Bu Ratih nangis sinambi nyikep boneka anake)

Bu Sulasmi : “lho Bu, Kuwi kan Bu Ratih!”

Bu Ningsih : “Bu, ana apa Bu?kok ana inge sayang tengah?”

Bu Ratih : “anakku ilang Bu..”

Bu Ningsih : “ya Allah, ana bocah ilang maneh”

Bu Sulasmi : “PAK LURAH PAK LURAH”

(bebrayan desa geger amarga bocah-bocah ilang maneh)

Bu Ningsih : “Pak Lurah!ana bocah ilang maneh!”

Bu Sulasmi : “pak lurah Iki piye to!padahal Nyi gombel wis mati lho”

Pak Lurah : “sabar ibu ibu! kula bakal tanggung jawab lan nggoleki nganti ketemu!”

(Pak Lurah weruh ana sing curiga ing alas banjur nyedhaki)

Pak Lurah : “mandheg!kowe sapa?!”

Dukun : “hahahaha… Konangan yo… (sambil ngguyu) aku iki sing nguripake Nyi Gombel supaya bisa membalas dendam!!”

Pak Lurah : “Dasar ora duwe ati! Cepet, copot pengaruhmu saka Nyi Gombel!”

Dukun : “hahaha… Ora bakal…!!”

Adegan 5

(Dukun mlayu adoh kanthi ngisor alas sing sepi)

Pak Lurah : “waduh… dheweke cepet banget…”

Bu Sulasmi : “Pak… kayane aku wis ngerti carane ngilangi pengaruh dukun kuwi. Aku tau ndelok rituale. dhewe kudu nyekel Nyi Gombel lan nindakake ritual sing padha. Kanggo mantrane, aku bakal nyusup menyang omahe dukun kuwi.”

Bu Ningsih : “Kepriye yen Nyi Gombel diiket dhisik ing tengah lingkaran ritual, terus takoni panggonane bocah kuwi?”

Pak Lurah : “Apik.Lakonana!”

(Warga desa padha gotong royong nyekel Nyi Gombel. Sawise kasil, dheweke diiket lan ditakoni panggonane bocah-bocah, bareng ritual nyiapake)

Bu Sulasmi : “Pak Lurah, aku wis entuk mantrane!”

Pak Lurah : “Apik.Kowe kabeh wis siyap?”

Bu Ningsih : “Siyap, Pak Lurah! Ayo takon panggonane bocah kuwi marang Nyi Gombel.”

Bu Ratih : “Anakku neng ngendi, dasar Gombel!”

Nyi Gombel : “hahahaha… Bocah kuwi ana ing alam liyan.Yen kowe pengin dheweke bali, sirnakna aku luwih dhisik!!”

(Ritual Para Warga Miwiti)

Pak Lurah : “Wahai pengaruh ala… sirnaa saka jasad korban iki lan balia menyang asalmu!”

Nyi Gombe : (njerit kesakitan)

(Nalika Nyi Gombel kalah, Bima dumadakan muncul)

Bima: “Mbok…? Mbok!!”

Bu Ratih : “Anakku… sesuk aja dolan adoh-adoh maneh ya, Nang…”

Bima : “nggih mbok… Aku janji ora bakal dolan adoh maneh…”

tautan video: 

https://youtu.be/DlqpGl_vIJ0?si=WO0Ax5eCZ2-PS5kV

Comments